Sabtu, 09 Juli 2011

Pancasila Siji Juni

Minggu, 24 Mei 2009

Pancasila Siji Juni

Pan wus tekeng mangsakala
Angreh praja kang mardika
Nulya repat pra pangarsa
Cetha siji kang ginantha
Adeg praja nuswantara
Suka suluh lan cecala
Ingkang saking tri pangarsa
Luhung Yamin-Pomo-Karno
Angayun dhasar nagara

Lamun beda nanging padha
Amestuti reh ing praja
Ingkang repat sampun ndhadha
Reh nampi cecalane Karno

Sigra katlah Pancasila
Ingkang kamot ing Pambuka
Jejer rapet klawan Wredha
Ing reh praja Indonesia

Jeneh ana kang cecala
Ukara sila kaeka
Nanging kabeh kersa nampa
Iku dhasar Pancasila


Bumi kethithang, 24 Mei 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar